Senin, 09 Oktober 2017

Geguritan

Edit Posted by with No comments
Puisi Jawa tentang teman atau sahabat

Aku, koe, kae, kae
Dewek iku kanca selawase
Kanca kang nyenengake ati
Kanca kang nyengiti ati

Aku, koe, kae, kae
Langit bumi
Awan wengi
Wulan matahari
Beda arti
Nanging nglengkapi

Aku, koe, kae, kae
Kaya banyu karo laute
Kaya alas karo wit witane
Kaya awak karo bayangane
Aku, koe, kae, kae
Akeh gelute
Angel petale

Aku tiba koe tiba
Aku nangis koe nangis
Lucu ..
Nanging .. aku seneng koe seneng

Suwun
Kanggo dorongan, doa lan semangate
Kanggo nangis kang bareng bareng
Kanggo guyon kang bareng bareng
Kanggo pertemuan ingkang akeh suka dukane

Aku, koe, kae, kae
Kembang mekar nyenengake ati

0 komentar:

Posting Komentar